Blog

sdds

Mengenai Saya

Foto saya
Yogyakarta, Jawa Tengah, Indonesia
"Writing is better to let the world get to know you, the spirit to a good start: D" FB : Hendrik Panthron Pangarso Mursid Twitter : @GarsoMurs

FANBOOK

Pengikut

Map Views

popularity

My Popularity (by popuri.us)

Small text message

Bahasa Jawa : Sambutan Atur Bela Sungkawa

Sabtu, 16 Oktober 2010 - - 0 Comments

Bahasa Jawa adalah salah satu bahasa yang digunakan dalam  acara-acara tertentu dan ini contoh sambutan atur bela sungkawa bahasa jawa:


Assalamu’ailaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu shaha sadherek-sadherek ingkang kinurmatan.
Innalillahi wqa innailahi raji’un.

Kula minangka wakilipun para tiyang layat, nderek bela sungkawa dhumateng ahli waris keluarga Soendoro ingkang nembe pikantuk pacobaning  Gusthi kanthi kanduripun Bp. Rangga Soendoro wonten ngayunaning Pangeran Ingkang Maha Kuwasa.

Salajengipun ingkang kita suwun mugi-mugi arwahipun almarhum  Bp. Rangga Soendoro angsala berkah rohmating Pangeran Ingkangh Maha Agung,pinaringana jembar kuburipun saha penari ngana pajar marginipun, sageda dipun apunten sadaya kalepatan saha dosa-dosanipun.

Mugi-mugi sadaya keluarga ingkang tinilar pinaringan sabar , tawakal saha pinaringan darmaning agesang wonten alam bebrayan. Mugi-mugi pinaringan manah ikhlas,rila saha narima ing takdir. Jer manungsa punika naming nampi punapa ingkang dipun kersaken Pangeran. Manungsa menika naming titipan Pangeran ingkang sawanci-wanci kapundhut. Kita sadaya naming sadremi nglampahi,asumarah wonten ngarsanipun.

Wusana cekap samanten kemawon atur kula , mbok bilih wonten klenta-klentuipun rembak kula ingkang kirang mranani, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.


Wassalamualaikum Wr. Wb. Matur nuwun.


nb: download file ms.wordnya disini

This entry was posted on 19.02 and is filed under bahasa jawa . You can follow any responses to this entry through the RSS 2.0 feed. You can leave a response, or trackback from your own site.

0 komentar: